Tembang Kinanthi
A.Pangertene
Miturut maknane tembang kinanthi iku nggambarake mangsa nalika manungsa iku wis mangun bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo kulawarane. Kinanthi uga diteesi nuntun utawa nganthi. Tegese minangka kuwajibane wong tuwa kudu bisa nuntun/nganthi para putrane supaya kabeh tumindake ora nalisir saka bebener.
B. Pathokan tembang kinanthi
Guru Wilangan: 8,8,8,8,8,8
Guru Lagu: u,i ,a,i,a,i
Guru Gatra :6
C. Watak tembang kinanthi
Watake tembang kinanthi yaiku sarwa (kabeh) seneng, asih, gumolong (golong), atur runtut renteng-renteng reruntungan (maksudipun urip rukun).
D. Wos kang kamot ing tembang kinanthi (wedhatama)
Ø Serat wedhatama ngajarake babaan tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter utawa etika pribadi, amarga dadi sawijining tuntunan etis kang ner (tuju/dituju) marang dhiri pribadhine dhewe.
Ø Serat Wedhatama mentingake rasa pangrasa, pikir, amarah, utawa kapitayan (spiritual). Bab iki kamot ing pitutur supaya ngolah lanteping rasa (anulah lantiping ati) lan nyingkirake hawa nepsu supaya bisa dadi manungsa kang duweni budi luhur.
Ø Supaya antuk ngelmu sejati bisa lumantar ngolah lanteping ati, yaiku kanthi tapa brata lan prihatin ing papan kang sepi. Yen dilakoni kanthi temen bakal bisa mutung pepalang (alangan) kan dadi pepalanging budi.
Ø Sarat nglakoni ngelmu sejati yaiku ora kena iri lan dengki, ora getapan/atine gampang panas, ora ngganggu wong liya, ngendhem hawa nepsu. Kang ditinakake yaiku mung meneng supaya tentrem ayem.
Ø Serat wedhatama ngajarake supaya manungsa iku kudu tansah eling lan waspada. Eling kang dimaksud yaiku eling marang pituduh utawa tuladha saka mobah mosiking alam (perubahan ataupun kondisi alam). Waspada tegese ngerti pepalang urip. Supaya ora sembrana/parikena, sembrana ing batine lan nulat tembung-tembung kang diucapake, ngilangake rasa kang mangu-mangu (ragu-ragu) lan waspada nulat (nuladha/niru) ing samubarang (sakabehane).
Ø Serat Wedhatama ngajarake supaya manungsa ora kulina tumindak nistha, ati-ati marang pepalang urip.
Ø Serat wedhatama ngajarake supaya aja nganti gela ing tembe burine. Watek kang kaya mangkono iku ateges sanadyan wong kang duwe pangerten, nanging ora ana gunane, mula kapinterane mung kanggo golek pangan lan pamrih.
Ø Kabecikan kang wis diwulangake iku minangka cara kanggo ngudi supaya entuk kamulyan. Sanadyan ora bisa mujudake sakabehe, nanging manungsa kuu bisa nganti kasil. Sanadyan ora kabeh bisa kawujud kaya sing dikarepake nanging manungsa iwajibake ngudi kanthi temen.
Ø Ing serat wedhatama, wong becik bebudene iku biyasane gampang bisa srawung karo pawongan liya ning ngendi wae papane.
E. Tuladha tembang kinanthi
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip
Sumber =http://ernanurul27.blogspot.com
Sabtu, 08 Februari 2020
Kamis, 06 Februari 2020
Srawung Karo Sasama
Serat Wedhatama
Serat Wedhtama iku anggite Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Serat Wedhatama iku ngemot wulangan kang luhur kanggo mbangun budi pakertine sawa wae sing maca.
Kelas X SMA/SMK/MA
Serat Wedhtama iku anggite Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Serat Wedhatama iku ngemot wulangan kang luhur kanggo mbangun budi pakertine sawa wae sing maca.
A. Maca lan nanggapi serat wedhatama pupuh Pangkur
Pangkur
Mingkar mingkur ing angkar,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinub sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
Kang tumrap ing tanah Jawa,
Agama ageming aji.
B. Nitik guru gatra,guru lagu lan guru wilangan pupuh Pangkur
Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait).
Guru gatra pupuh Pangkur ana 7 gatra.
Guru lagu pupuh Pangkur yaiku a, i, u, a, u, a, i.
Guru wilangan pupuh Pangkur yaiku 8,11,8,7,12,8,8.
Supaya gampang dieling-eling bisa ditulis : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.
C. Mbedhah perangane serat wedhatama pupuh Pangkur
Temabng pangkur iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra sing cacahe ana 7 gatra. Yen ora cocok karo salah sijine saka aturan iki tegese dudu tembang Pangkur. Jlentrehe kaya ngisor iki.
Ming/kar/ming/kur/ing/ang/ka/ra/
8a
A/ka/ra/na/ka/re/nan/mar/di/si/wi/
11i
Si/nu/wung/res/mi/ning/ki/dung/
8u
Si/nu/ba/si/nu/kar/ta/
7a
Mrih/kre/tar/ta/pa/kar/ti/ning/il/mu/lu/hung/
12u
Kang/tum/rap/ing/ta/nah/Ja/wa/
8a
A/ga/ma/a/gem/ing/a/ji/
8i
D. Nulis cakepan tembang Pangkur lan tuladhane
Nulis tembang macapat, tembang Pangkur iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturane kudu padha karo guru gatra,guru lagu lan guru wilangane.
Tuladha
8a = Yo knaca padha berjuang
11i = Dadi siswa pinter sugih prestasi
8u = Iku siswa kang pinunjul
7a = Iku siswa kang pinunjul
12u = Sekolahe digawe jeneng kang arum
8a = Kondhang tekan manca bangsa
8i = Saiba senenge ati
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa
Langganan:
Postingan (Atom)