Sabtu, 18 Januari 2020

Katresnan Kang Sejati

                                     Crita Rakyat

Pangertene crita rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku. Crita rakyat ing tanah Jawa iki akeh wewujudane, ing antarane legendha, dongeng, mite lan sapanunggalane. Tuladhane : Andhe-andhe Lumut, Nyai Rara Jonggrang, Bandung Bandawasa, lan sapitirute. Manfaat kang isa dijupuk saka ngrungokake crita rakyat iku yaiku ana pengalaman kang becik saka nulat para tokoh-tokohe.
Ing dhaerahmu mesthi uga ana cerita rakyat kang wis kumandhang. Sejatine ancas utawa tujuwane crita rakyat iku ura mung kaya crita sanyatane, nanging ana pesen kang sinandi ing sajrone crita. Tuladhane : ana crita babagan wit gedhe kang angker lan wingit, wos surasae crita iku ora walaka babagan wit kang angker, nanging kepiye carane para leluhur biyen ben wit-wit gedhe kuwi ora ditegor sasenenge dhewe utawa diregeti sakepenake dhewe. Upamane maneh ana crita yen liwat prapatan kudu ngebel sebab akeh arwah gentayangan sing mapan ana kono. Iku mengku werdi ora kaya sanyatane ana dhemit kang nglambrang, nanging welinge supaya ngati-ati yen liwat prapatan, lan sapanunggalane.
Titikane cerita rakyat, kayata:
1.       Anonym, ora dingerteni sapa sejatine sing nganggit
2.       Minangka karya kolektif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng
3.       Nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha
4.       Nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane (imajiner)
5.       Statis,tetep,ora anaowah-owahan sing wigati saka jaman menyang jaman.

2.       Unsur crita rakyat
Unsur-unsur kang kamot sajroning crita rakyat iku tokoh, alur, setting, amanat/pesen. Ing wulangan iki para siswa bakal gladhen mirengake crita rakyat kang tundhone isa nyritakake maneh marang kanca kanthi basa padinane lan uga isa aweh tanggapan tumrap surasane crita. Upamane ngenani watak tokohe. Mula kang saka iku coba setitekna gladhen ing ngisor iki kang gegayutan karo crita rakyat.
Sumber: http://materibahasajawaa.blogspot.com/2015/04/rpp-bahasa-jawa-crita-rakyat-

3.       Tuladha crita rakyat
RAWA PENING
Nuju sawijining dina ana bocah laang cilik kang nduweni kasekten kasiku dening penyihir sing duwe watek ala. Mulane bocah lanang kuwi nduweni lelara gudhig lan awake mambu. Ora ana wong sing gelem kekancan kapara ora ana wong sing gelem nyedhak merga ambune lan wedi  ketularan.
Bocah mau banjur lelana saka panggonan siji menyang panggonan liyane. Sing digoleki sapa ong sing bisa nambani lelarane mau. Nganti nuju sawijining dina dheweke ngimpi yen bisa ketemu wong wedhok tuwa sing apik bebudene yakuwi sing bisa nambani lelarane mau.
Bocah mau jenenge Baru Klinting anggone lelana nganti tekan ereng-erenging gunung Merbabu sisih lor. Wong-wong sing gegumuk ing ereng-ereng mau racake padha sombong-sombong mula Baru Klinting ditundhung ora entuk manggon ing tlatah kono. Sipate wong-wong kaya daksiya mau ndadekake Baru Klinting murina.
Baru Klinting banjur nancepake sada lan patembaya sok sapa sing bisa ndudut sada mau ndheweke trima lunga lan ora arep nganggu gawe maneh saka papan iku. Saweneh ana versi crita sing nggambarake nuju Baru Klinting teka ing papan iku wong-wong lagi pesta mangan iwak ula gedhe. Baru Klinting sing kaluwen njaluk iwak mau nanging ora diwenehi. Ana mbok Randha sing trenyuh karo dheweke banjur Baru Klinting diwenehi bageyan. Mbok Randha mau diweling supaya gawe lesung mbok menawa ana kedadeyan sing nganeh-anehi.
Bener, pranyata ora ana pawongan sing bisa ndudut sada mau. Baru Klinting kepeksa nuruti para pawongan sing meksa dheweke. Sada mau kadudut mak brol metu banyune nganti ora mandheg-mandheg kaya blumbang lan saya gedhe. Wong-wong mau patingbilulung padha kentir. Sing slamet  saka kedadeyan mau mung Mbok Randha sing wis tau nulung Baru Klinting kanthi numpak lesung. Papan sing ana banyune mau saiki katelah Rawa Pening.
Kapethik saka: https://jackoagun.multiply.com/journa/item/11/.
Maturnuwun

Jumat, 17 Januari 2020

Omah Jawa

Omah Joglo





      Omah tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakaké minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa . Biasane, omah  joglo mung diduweni wong kang duwe banda akih. Amerga omah joglo butuhake material kang akih lan larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan kang amba amerga ana bagian kang digunaake nampa tamu kang akih.  Nanging Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki.

    Omah iki duweni keunikan yaiku payone kang dhuwur lan duweni soko wangun papat soko kang utama kang nyangga bangunan lan tumpang sari kang wujud susunan balok kang disangga soko guru. Ciri khas liane yaiku duweni payon kang dhuwur kaya gunung.

    Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian. Bagian kaping siji yaiku ruangan kanggo patemon kang kasebut pendhopo. Bagian kapindo yaiku ruang tengah utawa ruang kanggo nanggap wayang kulit, kasebut pringgitan. Bagian kaping telu yaiku ndalem utawa omah jero, kanggo ruang keluarga. Ing jero rungan iki ana telu senthong, yaitu senthong kiri, senthong tengah, lan senthong kanan.

    Pendhopo duweni fungsi kanggo namppa tamu. Struktur bangunan pendhopo migunaake umpak kanggo alas soko, 4  soko guru (tiang utama) duweni simbol 4 arah mata angin, lan 12 soko pengarak. Uga ana tumpang sari yaiku susunan balik kang disangga  soko guru. Biasane, tumpang sari ana ing pendopo bangunan kang disusun tingkat. Tingkatan-tingkatan iki duweni arti minangka tingkatan kanggo menyang titik puncak. Miturut kepercayaane wong Jawa, tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik.

    Dalem yaiku pusat ing omah joglo. Fungsi utamane kanggo ruang keluarga. miturut pola tata ruang, dalem duweni prabedan ing duwuring pondasi, saengga membagi ruang dadi 2 area. Ing  pondasi kang luwih dhuwur digunakake panggon mlebu metune udara, ing bagian kang luwih cendhek digunakake ruang keluarga lan senthong.
Sumber:

http://holesciences.blogspot.com/2017/04/deskripsi

Maturnuwun

Panganan tradisional jawa

Lupis
                https://manado.tribunnews.com/2018/03/27/cara-                 membuat-lupis-legit-jajanan-tradisional-                       sepanjang-masa-rasanya-bikin-nagih
   
             Lupis yaiku jajanan asli seka jawa lan siki wis terkenal dadi jajanan pasar tradisional sing murah lan gampang ditemokake ning pasar- pasar tradisional.Rasane  lupis iku legi amarga ing dhuwure ana parutan klapa lan gula jawa cair.
                Masyarakat- masyarakat jaman saiki isih akeh sing seneng karo jajanan tradisional salah sijine lupis, amarga rasane sing enak lan cara gawene gampang .
Bahan- bahan kang digunakake :
•Beras ketan
•Kelapa sing putih
•godhong gedhang
•Tali belahan pring
•Gula jawa
Alat alat kang di gunakake:
•Parutan kelopo
•Panci
•Dandang
•Piring
   Cara nggawene yaiku
1.Siapna selembar godhong gedhang sing ukurane sedhengan.
2. Isi nganggo beras ketan
3.Tutup  nganggo godhong gedhang sing luwih cilik.
4.Yen wis, usahakna mbungkuse nganti mblendhung.
5. Bungkusan mau digodhog nganti bener – bener mateng utawa sekurang- kurange 3 jam. Sawise mateng,
6.Diangkat lan dianging- anginke supaya cepet adem.
  Kanggo nggawe gulane
1. Panaske panci nganggo geni sedheng,
2. Lebokna gula jawa sing wis dirajang alus sing wis dinsediakke karo nambahi banyu sitik.
3. Yen wis mateng, bisa diangkat lan diademakae.
    Nggawe parutan klapane
1.Siapke klapa sing wis dibuang kulite ben ampase putih
2.Diparut nganggo parutan.
3.Cara nyajikake yaiku siapke piring saji, bukak bungkusan ketan sing wis mateng, buang kulite lan ditata nang piring saji karo ning ndhuwure diwei parutan klapa lan siram gula cair.
Mugo-mugo bermanfaat.
Maturnuwun🙏